Bahasa Jawa

RUBRIK BAHASA JAWA

“GEGURITAN”

Marang Kamulyan sing sesingidan
Ngranggeh pepesthen sing katut kumantil
ing pandom wektu
Yagene lakuku sru katingset ing uleganing pepalang
Karep kerep cabar mbujung kumlebating agen-angen
Sing asring nglelaga klawan lamising ewon memanis

O, kamulyan…
Anehe awakmu sing tan kasat mata kathik sesingidan
ing angina
Selinthutan ing pucuking wewadi-rina apadene wengi
Ngumbara saselane irat-irataning daya lan napas
Jethungan ing geter srengenge lan suwalike sorot rembulan

Kudu menyang ngendi aku nungsung gandamu
Rikala jangkah ringkih kabotan sanggan bebendu
Laladan wis malik bebondhotaning alang-alang
Ati karuban daya kanggo njlumati klarasing gantha
Jiwa jiwa salin slaga paran landhep pethanging warastra

O, kamulyan
Apa aku kudu rubuh ing jembaring pabaratan iki
Tinancepan dening jembaring wewadimu
Pener ing jaja tumembusing palung kalbu

Mring impenku lan impenmu

Rembulan maksih kasdu nyoloki laku wengi kekes samun
Samangsane sliramu kumlesik ing pangkonku
Sarta kanthi tembung perih njarwakake saglugut
werdi tresna
Sasat bratajaya ngidung lungiding kapang mring
dananjaya

Rembulan maksih kasdu nyoloki laku wengi kekes samun
Dakrasa lirih tumiyup ing getering kuncup-kuncup mlathi
Impenku lan impenmu nyabrang ing sepine
taman sriwedari
Nlusur ing ngendi nate kaukir prasetyane kakrasana
mring sumantri
Apa isih ana salembar karila-legawan
negesake
satengu kaendahan
Kang dadi wungkusing prasetyaning atiku lan atimu

E, nimas
Miangka nambal kacuwan daktulis gurit iki
Kekancan perih, sineksen aburing lawa nrabas
sela-sela pang ringin
Usapen ketesing luhmu, elusen perihing dhadhaku
Mbokmenawa isih kasisan dina sesuk
Ana sagumuk ati dadi tlatah tetegaraning impenku
lan impenmu.

SASTRA JAWA LISAN LAN TULIS
ING JAMAN MODHEREN

Sastra Jawa gagrak anyar utawa sastra Jawa modheren nyakup sastra lisan lan sastra tulis. Miturut andharan ing buku Bunga Rampai Sastra Jawa Mutakhir, karyane JJ Ras, weton Grafitipers, kalorone uga nyakup sastra tradisional.
Ing jagad sastra lisan sing wujude kayadene wayang, kethoprak, kentrung,ludruk lan sapanunggalane cetha isih nuduhake werna tradisional, kacihna wus akeh sing kawungkus ing sangit-sanggit anyar sing jumbuh kaanan jaman modheren iki.
Sinebut tradhisional jalaran isi critane isih ana gandheng cenenge karo naskah-naskah sastra Jawa kuna utawa klasik. Saliyane kuwi, ing pagelarane sok-sok uga isih kawengku ing pranatan lawas sing kabiji minangka pathokan baku.
Dene sing saiki lumrah karan sastra Jawa gagrak anyar, miturut andharan ing buku kuwi, ora liya karya sastra Jawa sing kaperbawan dening gagrak sastra negara-negara kulonan kayadene novel, cerita cekak (Cerkak), esai utawa andharan tinulis babagan tinamtu lan guritan sing asipat bebas.
Ngrembakane sastra Jawa gagrak anyar iki, miturut “Begawan sastra Jawa”, Suparto Brata, nalika medhar andharan ing sawijining wicarana ngrembug jagad sastra Jawa ing Pendhapa TBJT Solo, sawetara wektu kapungkur, kawitane nalika jaman kolonial Walanda pancen rada alon.
Kaanan iki pancen ora nggumunake jalaran sastra gagrak anyar utawa sastra Jawa modheren kuwi asale saka negara manca lan lumebu ing wewengkon budaya Jawa nalika bebrayan agung Jawa during mbutuhake lan uga during gelem nampa.
Kawitan ngrembakane sastra Jawa tulis gagrak anyar iki banjur nuwuhake lan ngrembakakake crita-crita fiksi sing asipat minangkap piwulang. Crita gancaran sing asipat nglelipur nalika kuwi during ngrembaka. Sabanjure nalika madeg bebadan Balai Pustaka, jagad sastra Jawa sansaya ngrembaka. Wiwit taun 1936 sastra Jawa gagrak Cerkak wiwit tuwuh lan ngrembaka.
Sawise kamardikan,utawa sawise tahun 1945, gagrak novel, Cerkak lan gurtitan sansaya ngrembaka ing madyaning bebrayan agung Jawa. Kaanan iki kasengkuyung dening revolusi sosial, sansaya ningkate kabisan maca lan nulis lan sansaya sithike sastra Jawa klasik sing ana ing madyaning bebrayan agung Jawa.
Dene surute sastra Jawa klasik iki, miturut Suparto, jalaran ora ana babaran buku anyar sing ngemot naskah-naskah sastra Jawa klasik. Saliyane kuwi uga sansaya sithik wong Jawa jaman modheren sing nguwasani ilmu basa Kawi minangka basa sastra Jawa klasik.
Wiwit taun 1960-an tuwuh lan ngrembaka ariwarti lan kalawarti abasa Jawa. Antarane yakuwi kalawarti Kembang Brayon (Yogyakarta, 1966), Jaka Lodhang (Yogyakarta, 1967), Kunthi (Jakarta, 1969), Dharma Kandha (Surakarta, 1971), Dharma Nyata (Surakarta, 1971), Parikesit (Surakarta, 1971) lan Kumandhang (Jakarta, 1973).
Dene ing titi wanci pungkasan iki, cacahe kalawarti abasa Jawa gampang banget dipetung nganggo driji tangan. Antarane Jaka Lodhang, Panjebar Semangat, lan Jaya Baya. Yang kalawarti-kalawarti sing sithik banget cacahe kuwi sing nganti saiki panggah dadi “saka gurune” sastra Jawa gagrak anyar awujud Cerkak, guritan lan esai.

DITYA SAPUANGIN MANUGGAL KARO
JIWANE ARJUNA

Ditya Sapuangin miturut jagad pedhalangan Jawa awujud jin denawa utawa raseksa sing nglungguhi jejering senapati perang ing negara Mertani sing kabawah ing panguwasane Prabu Yudhistira.
Negara Mertani dhewe sawijing krajan siluman sing ing pandulu mata manungsa lumrah ora bakal katon, utawa tan kasat mata. Wujude negara Mertani dhewe arupa alas gung liwang liwung sing angker lan wingit.
Nalika alas Mertani sedya ditelukake dening kulawarga Pandhawa, Ditya Sapuangin maju ngadhepi para Pandhawa. Lan kanyata jin denawa iki pancen sekti mandraguna, dhug-dheng temen-temen.
Bebarengan karo Arya Dananjaya, Ditya Sapuangin kasil ngasorane kridhane Werkudara utawa Arya Bima. Kepara nalika kuwi Ditya Sapuangin kasil ngrangket Werkudara, Nakula lan Sadewa.
Kabiyantu daya kasektene lenga Jayangkaton, peparinga Begawan Wilawuk, ula naga sing duwe swiwi saka Pertapan Pringgondani, wusana Arjua kasil ngluwari Werkudara, Nakula lan Sadewa saka pangrangkete Ditya Sapuangin.
Lenga Jayangkaton kuwi yen dioserake ing tlapukan mata, njalari matane sing duwe lenga kuwi bakal kuwawa ndulu samubarang titah lan barang kang asipat alus lan tan kasat mata.
Wusana Ditya Sapuangin nemahi pati nalika andon yuda mungsuh Arjuna. Arwahe Ditya Sapuangin manunggal karo jiwane Arjuna. Arwahe Ditya Sapuangin ing pribadine Arjuna kuwi nuwuhake perbawa kasekten sing arane aji sepiangin.Yen Arjua wus matek aji sepiangin iki dheweke bakal kuwawa mlaku sing rikat banget kadidene playune angin.

Dikutip dari : SoloPos

0 komentar:

Poskan Komentar

MAJALAH AkSI © 2008 Template by:
SkinCorner